Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2013

BERKAH AMBRUKING MUSHOLA

“Yu, iki mengko aku titip maneh ya” ngendikane Bu Umi. “O nggih Bu, mangke kula beta” saure Yu Jum sing lagi ngasahi piring. Wis kaping telu iki Bu Umi titip sodaqoh dinggo dandani mushola cedhak omahe Yu Jum, rewange. Jumlahe ora akeh, mung sepuluhewu rupiyah. Sakdurunge, Yu Jum sing wis rongtaun nyambut gawe nang omahe Bu Umi kuwi crita yen mushola cedhak omahe ambruk. Gandheng umure mushola kuwi ya wis tuwa tur kurang kerumat, gendhenge padha bocor, temboke akeh sing wis pecah-pecah.

SODAQOHE RINI

Apa maneh saiki? Sapu dawa? “Riiin, Riiiin...!” ujarku karo rada mangkel weruh dheweke nggawa barang sing ora biyasa. “Aku isih duwe sapu dawa Rin. Mbok nggo apa kuwi digawa mrene barang?” pitakonku karo mbukakake lawang. Rini, adhiku ragil, mung mesem karo mlebu omah. “Ya ora apa-apa to mbak, mosok adhine ngoleh-olehi mbakyune ora kena” saurane Rini.