Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2013

BAPAK DHAWAH

Bapak dhawah maneh! Unine SMS saka Ibu. Aku mung isa meneng wae karo mbayangake kaya ngapa kahanane Bapak saiki. Tuuuut... Sidane aku nelpon Ibu. " Halo " keprungu swarane Ibu. "Assalamu'alaikum" "Wa alaikumussalam" "Kados pundi, Bu? Bapak dhawah saking napa?", pitakonku. Ibu unjal ambegan. "Ya ora saka ngendi-endi. Bapak ki tindak rada adoh sithik wae dhawah lho!" "Lha badhe tindak pundi ta, Bu?" "Biyasa, Ndhuk, arep nang mesjid. Arep sholat luhur iki mau.