Langsung ke konten utama

WONG EDAN

Aja sok meden-medeni bocah nganggo ukara 'wong edan'. Ora kepiye-kepiye, nanging aku wis nate ngonangi kanca raket sing bubar kekancan amarga bab ukara 'wong edan' kuwi mau.

#

Nalika aku urip nang omah petak ana ing ibu kota, aku duwe tangga sing isih enom, ayu, jenenge Sari. Sari iki ibu rumah tangga sing lagi duwe anak wedok siji umur telung tahun.  Ana ing komplek omah petak mau Sari duwe kanca raket sing ya dadi tanggaku, jenenge Intan. Intan duwe anak wedok kembar loro sak umuran karo anake Sari.  Gandheng padha-padha duwe anak wedok, Sari karo Intan dadi raket banget kaya sedulur. Yen obrol-obrolan bisa jam-jaman. Ndilalah wong loro kuwi mau padha seneng dandan. Dadi saya klop. Ngobrol ya gathuk, blanja ya selerane ora beda adoh. Pokoke jan raket tenan.

#

Gandheng urip ana omah petak, duwe bandha karo ora, mesthi konangan tanggane. Duwe masalah apa ora, ya mesthi konangan tangga.
"Tangga iku sedulur dadakan", ujare Budhe Ami sing didhapuk dadi Bu RT ana kono.
"Leres menika, Budhe. Wonten mriki kula nggih ngraosaken ngaten", saurku. "Menapa malih wonten mriki warganipun saged guyub".
"Iya, Mbak. Alhamdulillaah nang kene wong rolas omah rukun kabeh", sambunge Budhe Ami. "Nanging yen dadi tangga aja raket-raket banget lho. Sebab saben omah mesthi duwe wadi dhewe-dhewe. Mengko nek kebablasen olehe raket bisa-bisa wadine padha kebukak".
Aku ngguyu. "Nggih, Budhe. Leres. Panjenengan menika panci wicaksana, mila pantes dados bu RT".
"Alah, Mbak...kuwi rak ya mung merga ora ana sing gelem dadi bu RT". Budhe Ami endha.

#

Isuk jam setengah pitu, kaya biyasane, Sari wis dandan ayu. Sari nguntapake bojone nyambut gawe karo ndulang anake. Ora let suwe Intan ya metu karo anak kembare. Bareng bojone Sari wis lunga, Sari karo Intan banjur lungguh bareng ana ngisor wit jengkol sing thukul nang latar omah karo ndulang anake dhewe-dhewe.

"Haaaak...", Sari ngacungake sendok isi sega lan lawuh nang ngarep cangkeme anake. Sing diacungi sendok ora gelem mbuka cangkeme. Isih kebak sega.
"Aduh, kok dimut meneh to, Ndhuk??", Sari rada nesu. Anake Sari pancen angel maeme. Senajan awake ketok lemu nanging kuwi merga akeh olehe ngombe susu, dudu merga maem. "Nek dimut terus mengko dakundangke Tronjol sisan lho!", Sari wiwit ngancem anake.
"Ampun, Bu...", anake Sari sidane gelem mangap. Sendok mlebu maneh sakwise sing nang njero cangkem dileg si bocah.

#

Tronjol kuwi jenenge wong rada kurang waras sing sok liwat kono. Jare wong-wong, jeneng asline Wahyu. Isih enom. Umure kira-kira selawean taun. Ndhisike kuwi bocah pinter, nanging sakwise gagal olehe daftar dadi tentara banjur stres nganti ora ketulungan, terus bablas dadi kaya saiki. Gaweyane saben dina mung baris mubeng kampung wae. Jan-jane Tronjol kuwi ora mbebayani, nanging gandheng kerep dipoyoki bocah-bocah cilik, sidane Tronjol kerep nyerang bocah sing njaraki dheweke.

#

Yen dakrungok-rungokake, Sari pancen kerep meden-medeni anake nganggo ukara 'wong edan'. Ya sing "awas, nang kono ana wong edan", nalika anake arep dolan adoh-adoh saka omahe. Ya sing "mengko digondhol wong edan" nalika anake ora gelem mlebu omah pas wayahe bobok awan. Ya sing "ben melu wong edan wae", nalika anake ora gelem manut, lan liya-liyane. Pokoke ukara 'wong edan' kuwi dadi senjata pamungkase Sari.

#

Ing sakwijining dina, nalika wayahe bobok awan, anake Sari rewel njaluk metu saka omah. Pancen hawane panas, apa maneh nang omah petak, mesthi panase. Diiming-imingi apa wae ben ora njaluk metu omah, ora kena. Rewele saya ndadi. Sidane kepeksa Sari mbukak lawang. Anake sing bungah banget banjur mlayu metu. Karepe ngampiri si kembar nang omahe, jebul bocah loro kuwi lagi turu. Omahe tutupan. Sari ngajak anake mulih. "Ora ana, Ndhuk, kancamu lagi padha bobok. Yok, mantuk yok", ujare Sari. Anake ora gelem, malah saya nyedhaki omahe si kembar. Banjur dheweke ingak-inguk nang jendhela ngarep sing dibukak sithik. Pancen sepi, kayane si kembar pancen lagi turu, nanging Intan lagi nyetrika ana ruwang ngarep. Anake Sari ndelokake Intan. Intan mung mesem wae.

Sari saya mangkel ndelok anake ora nggugu perintahe. Diundange maneh anake, "Ndhuk...ndhuk...ayo ndang mantuk". Sing diundang ora sumaur, noleh wae ora. Gething weruh polahe anake, Sari nggetak anake, "Aja injan-injen, ana wong edan nang kono!".

Karepe Sari mung nggetak supaya anake gelem dijak bali, nanging Intan sing krungu kuwi kaget setengah mati. "Apa? Wong edan? Ora kleru iki?", batine Intan. Dheweke banjur mara lawang. Glek!!! Lawange dibukak. Anake Sari kaget banjur mlayu bali. Intan ngadeg nang ngarep lawang karo methentheng. "He! Sapa sing mbok karepake! Sapa sing wong edan!". Sari kaget weruh Intan nesu. "Lha ngapa ta kok nesu?", batine Sari. Intan isih nesu. "Karepmu ki apa ngonekake aku edan?!". Sari sing ora rumangsa ngonekake kancake edan melu nesu. "Sapa sing ngarani kowe edan?! Ora ana apa-apa kok nesu?!", Sari sumaur. "Piye? Ora ana apa-apa? Ora gelem ngaku kowe?!", Intan saya muntab.

Wong-wong padha metu saka omahe, nonton wong padu rame awan-awan. Aku ya melu metu. Arep ngendhegake, ora wani. Arep ethok-ethok ora krungu, ya wis kadhung metu saka omah. Sidane pepadon kuwi mau bubar dhewe nalika si kembar tangi merga kaget lan anake Sari nangis. Budhe Ami banjur marani, karepe arep nglereni, nanging Sari sing kisinan wis mlayu mlebu omah.

Nganti seprene Sari karo Intan durung rujuk. Aku ora ngerti kenapa isa kaya ngono. Sajake wong loro kae padha atose, mula ora ana sing gelem ngalah ndhisiki njaluk ngapura. Kuwi jenenge salah omong ketemu salah penampa. Nek wis ngene iki sapa sing rugi? Mula aja sok medeni bocah nganggo ukara 'wong edan'.

-Rampung-

Komentar

  1. loro-lorone edan mak... lha ra gelem wawuh? :D wah, aku seneng nemu sing nulis nggo basa jawa.. keep blogging mak...

    BalasHapus
  2. Hehehe..ngono ya? Btw, matur nuwun ya. Muga2 isa nulis terus iki, ora mood2an.

    BalasHapus
  3. bahasane uapik tenan, ning sing wong jakarta mesti ora mudeng artine :D

    BalasHapus
  4. hehehe...matur nuwun. basa jawi panci kathah versinipun. menika jawi tengahan.

    BalasHapus
  5. wah blog basa jawi. kulo nderek maos nggih, kanggo sinau, bun. sedulur kulo sangking jogja, ning kulo gedhenipun ning jakarta. *harapmaklumyabun... (boleh banget dikoreksi) hehe.

    BalasHapus
  6. matur nuwun mbak. mangga sami sinau sesarengan nggih.

    BalasHapus
  7. subhanallah mbak... kawula mboten ngerti... :D

    BalasHapus
  8. mbak Mew: hehehe...thanks for visiting mbak...eh, matur nuwun sampun kersa tindak mriki

    BalasHapus
  9. Matur suwun sanget sampun difun uruki basa Jawi. Meniko kulo taseh mretoli anggenipun tembung basa. :)

    BalasHapus

Posting Komentar

Mangga menawi badhe paring komentar. Matur nuwun.

Postingan populer dari blog ini

LUNAS DISUWUN GUSTI ALLOH

Wis pirang-pirang dina iki Syamsul ketok bungah. Saben teka kantor isuk-isuk ora kaya biyasane. Dheweke ya dadi seneng ngaruh-aruhi kanca-kancane uga ngobrol bareng. Pokoke ora kaya Syamsul sing biyasane. Aku gumun. Mula aku takon dheweke ana apa. "Lagi duwe bisnis musiman, Gun", ujare. " Bisnis apa ta?", pitakonku. Sapa ngerti apik lan kasil tenanan, batinku. " Bisnis sepuluh persen, Gun" "Apa kuwi?", pitakonku maneh. Syamsul ngguyu. "Sing ora bakal rugi, Gun. Sepuluh persen mesthi bakal dadi duwekku".

BERKAH AMBRUKING MUSHOLA

“Yu, iki mengko aku titip maneh ya” ngendikane Bu Umi. “O nggih Bu, mangke kula beta” saure Yu Jum sing lagi ngasahi piring. Wis kaping telu iki Bu Umi titip sodaqoh dinggo dandani mushola cedhak omahe Yu Jum, rewange. Jumlahe ora akeh, mung sepuluhewu rupiyah. Sakdurunge, Yu Jum sing wis rongtaun nyambut gawe nang omahe Bu Umi kuwi crita yen mushola cedhak omahe ambruk. Gandheng umure mushola kuwi ya wis tuwa tur kurang kerumat, gendhenge padha bocor, temboke akeh sing wis pecah-pecah.