Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2014

ORA KENA DIBEDHEK

Siwi mlayu mlebu omah. Sepatu lan roke klebus kudanan. Untunge sirah lan awake isa ketutupan mantel. Udane pancen deres banget, nanging Siwi tetep nekad nunggang motor amarga rasa kangene wis ora bisa dibendhung maneh. Tekan teras omah dheweke banjur mbuka mantele, diglethakake ana ing kursi kayu sing ana kono. Alon-alon Siwi nyedhaki lawang. Wit suplir nang pot sing ana kiwa-tengene lawang isih kaya biyen. Ijo lan seger. Biyen dheweke sing kerep nyirami wit suplir kuwi mau. Saiki mbuh sapa sing nyirami. Mungkin mbahe Rere, ibune Aji.