Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2015

NDARA

"Bu! Boten napa-napa?" Siti gedheg. Awake lemes lan raine pucet. "Boten napa-napa, Bu. Matur nuwun." "Mangga, Bu, njenengan jumeneng alon-alon mawon," Rumi ngrangkul banjur narik awake Siti. Bareng wis isa ngadeg maneh, Siti lagi isa mesem. "Matur nuwun, nggih, Bu." Rumi mung manthuk-manthuk. "Sampun, enggal kondur, lajeng leren, Bu. Untung panjenengan wau namung tumbas teh, sanes tigan napa uwos." Siti medhun saka undhak-undhakan warunge Bu Rumi karo alon-alon. Wetenge dielus-elus. "Mugi-mugi boten napa-napa nggih, Bu, bayinipun. Sampun pinten wulan, ta?" pitakone Rumi marang tanggane kuwi. "Wolu, Bu," Siti nyauri. "Bu," Rumi njawil Siti. "Mbok njenengan nika nyuwun tulung bapakipun. Rak nggih wonten ndalem, ta?" Siti mung mesem. "Wah, boten wantun, Bu." "Lha napa? Wong njenengan nika nggih garwanipun. Gek njenengan nembe ngandhut ngaten. Gek putra nomer sekawan sisan," u