Langsung ke konten utama

NGALEM

"Hla kok ndengaren gawe es campur komplit, Bu?!" Edi katon sumringah weruh es campur pating jejer ana pawon.

Harti mung mesem wae. Tangane isih olah-olah glepung.

"Gawe gorengan barang, Bu? Wah, komplit tenan."

Harti mung mesem meneh thok.

Ngalem


Maghrib kurang limalas menit engkas. Harti wis dandan resik nyangking tas kresek gedhe-gedhe loro.

"Arep nang ndi, Bu?" pitakone Edi.


"Mesjid. Pasok takjilan," saure Harti.


"Lho, jatahe awak dhewe dina iki?"


"Ho oh. Sik ya, Pak, aku dakmangkat."


"Iya."

Bar adzan maghrib Edi nggoleki es campur sing digawe bojone mau.


"Bu, es campure nang ngendi?"


"Ya wis dakgawa mesjid to, Pak."


"Kabeh???"


Harti manthuk rada wedi.

"Oalah, Bu...ndengaren gawe omben-omben pepak kok ya mung dinggo wong liya. Aku ora mbok bagei," Edi nggresula.


"Lha Bapak ki ikhlas apa ora ta asok takjilane?" saure Harti.


"Ya ikhlas, Bu. Ning rak ya gela wis kebacut weruh wedang seger kaya mau ning ora kebagiyan."

"Lha dakkira Bapak ki ora seneng je. Wong angger aku gawe apa wae ya ora tau dialem. Aku ya gumun, kok ndengaren iki ngalem."

Edi ora bisa kocap apa-apa maneh. Pancen dheweke arang ngalem bojone. Ya, kepiye maneh?

Komentar

Posting Komentar

Mangga menawi badhe paring komentar. Matur nuwun.

Postingan populer dari blog ini

WONG EDAN

Aja sok meden-medeni bocah nganggo ukara ' wong edan '. Ora kepiye-kepiye, nanging aku wis nate ngonangi kanca raket sing bubar kekancan amarga bab ukara ' wong edan ' kuwi mau. # Nalika aku urip nang omah petak ana ing ibu kota, aku duwe tangga sing isih enom, ayu, jenenge Sari.

BERKAH AMBRUKING MUSHOLA

“Yu, iki mengko aku titip maneh ya” ngendikane Bu Umi. “O nggih Bu, mangke kula beta” saure Yu Jum sing lagi ngasahi piring. Wis kaping telu iki Bu Umi titip sodaqoh dinggo dandani mushola cedhak omahe Yu Jum, rewange. Jumlahe ora akeh, mung sepuluhewu rupiyah. Sakdurunge, Yu Jum sing wis rongtaun nyambut gawe nang omahe Bu Umi kuwi crita yen mushola cedhak omahe ambruk. Gandheng umure mushola kuwi ya wis tuwa tur kurang kerumat, gendhenge padha bocor, temboke akeh sing wis pecah-pecah.

LUNAS DISUWUN GUSTI ALLOH

Wis pirang-pirang dina iki Syamsul ketok bungah. Saben teka kantor isuk-isuk ora kaya biyasane. Dheweke ya dadi seneng ngaruh-aruhi kanca-kancane uga ngobrol bareng. Pokoke ora kaya Syamsul sing biyasane. Aku gumun. Mula aku takon dheweke ana apa. "Lagi duwe bisnis musiman, Gun", ujare. " Bisnis apa ta?", pitakonku. Sapa ngerti apik lan kasil tenanan, batinku. " Bisnis sepuluh persen, Gun" "Apa kuwi?", pitakonku maneh. Syamsul ngguyu. "Sing ora bakal rugi, Gun. Sepuluh persen mesthi bakal dadi duwekku".