"Bu! Boten napa-napa?"
Siti gedheg. Awake lemes lan raine pucet.
"Boten napa-napa, Bu. Matur nuwun."
"Mangga, Bu, njenengan jumeneng alon-alon mawon," Rumi ngrangkul banjur narik awake Siti. Bareng wis isa ngadeg maneh, Siti lagi isa mesem.
"Matur nuwun, nggih, Bu." Rumi mung manthuk-manthuk.
"Sampun, enggal kondur, lajeng leren, Bu. Untung panjenengan wau namung tumbas teh, sanes tigan napa uwos." Siti medhun saka undhak-undhakan warunge Bu Rumi karo alon-alon. Wetenge dielus-elus.
"Mugi-mugi boten napa-napa nggih, Bu, bayinipun. Sampun pinten wulan, ta?" pitakone Rumi marang tanggane kuwi.
"Wolu, Bu," Siti nyauri. "Bu," Rumi njawil Siti. "Mbok njenengan nika nyuwun tulung bapakipun. Rak nggih wonten ndalem, ta?" Siti mung mesem.
"Wah, boten wantun, Bu."
"Lha napa? Wong njenengan nika nggih garwanipun. Gek njenengan nembe ngandhut ngaten. Gek putra nomer sekawan sisan," ujare Rumi karo nuding wetenge Siti.
"Alah, sampun biyasa, Bu. Boten napa-napa. Itung-itung ngibadah." Rumi ora bisa ujar apa-apa maneh. Siti, tanggane kuwi pancen wong wadon sing ora tau mikir sing ora-ora. Rumi mung isa ngelus dhadha gumun campur mangkel. Kok ya ana wong kaya Siti lan bojone. Sing wedok nrima, sing lanang ora rumangsa. Nang omah mung dadi ndara. Sing wedok nyambut gawe nganti kuwalahan ditambah isih ngopeni bocah telu cilik-cilik ya ora ngowahi kahanan. Rumi kelingan omongane rong taun kepungkur.
"Bojo kula riyin nggih kados ndara. Boten ngertos damelan wonten griya. Sareng anakipun tiga, lajeng pangerten. Purun ngrewangi kula resik-resik napa momong lare."
"Napa kula nambah anak malih mawon, nggih, Bu?" pitakone Siti rada ora mantep.
"Dicobi mawon, Bu. Sinten ngertos."

Waw boso jowo
BalasHapusnggih mbak. leres.
HapusNiki Blogger saking pundi njih! slam kenal njih!
BalasHapussalam kenal. kula blogger saking mediyun.
Hapusblog iki apik banget, iki salah sawijini blog kang diserat nganggo basa jawa kanti runtut lan mathuk diwaca
BalasHapussalam taklim saking ngayogyakarta
:)
matur nuwun, mas. salam saking bumi mediyun.
HapusBojo koyo ndara mbok ditinggal lungo wae lak yo uwis
BalasHapusWah lha anakipun sampun badhe sekawan je, mbak :-(
Hapus