Langsung ke konten utama

NGALEM

"Hla kok ndengaren gawe es campur komplit, Bu?!" Edi katon sumringah weruh es campur pating jejer ana pawon.

Harti mung mesem wae. Tangane isih olah-olah glepung.

"Gawe gorengan barang, Bu? Wah, komplit tenan."

Harti mung mesem meneh thok.

Ngalem


Maghrib kurang limalas menit engkas. Harti wis dandan resik nyangking tas kresek gedhe-gedhe loro.

"Arep nang ndi, Bu?" pitakone Edi.


"Mesjid. Pasok takjilan," saure Harti.


"Lho, jatahe awak dhewe dina iki?"


"Ho oh. Sik ya, Pak, aku dakmangkat."


"Iya."

Bar adzan maghrib Edi nggoleki es campur sing digawe bojone mau.


"Bu, es campure nang ngendi?"


"Ya wis dakgawa mesjid to, Pak."


"Kabeh???"


Harti manthuk rada wedi.

"Oalah, Bu...ndengaren gawe omben-omben pepak kok ya mung dinggo wong liya. Aku ora mbok bagei," Edi nggresula.


"Lha Bapak ki ikhlas apa ora ta asok takjilane?" saure Harti.


"Ya ikhlas, Bu. Ning rak ya gela wis kebacut weruh wedang seger kaya mau ning ora kebagiyan."

"Lha dakkira Bapak ki ora seneng je. Wong angger aku gawe apa wae ya ora tau dialem. Aku ya gumun, kok ndengaren iki ngalem."

Edi ora bisa kocap apa-apa maneh. Pancen dheweke arang ngalem bojone. Ya, kepiye maneh?

Komentar

Posting Komentar

Mangga menawi badhe paring komentar. Matur nuwun.

Postingan populer dari blog ini

WONG EDAN

Aja sok meden-medeni bocah nganggo ukara ' wong edan '. Ora kepiye-kepiye, nanging aku wis nate ngonangi kanca raket sing bubar kekancan amarga bab ukara ' wong edan ' kuwi mau. # Nalika aku urip nang omah petak ana ing ibu kota, aku duwe tangga sing isih enom, ayu, jenenge Sari.

NDARA

"Bu! Boten napa-napa?" Siti gedheg. Awake lemes lan raine pucet. "Boten napa-napa, Bu. Matur nuwun." "Mangga, Bu, njenengan jumeneng alon-alon mawon," Rumi ngrangkul banjur narik awake Siti. Bareng wis isa ngadeg maneh, Siti lagi isa mesem. "Matur nuwun, nggih, Bu." Rumi mung manthuk-manthuk. "Sampun, enggal kondur, lajeng leren, Bu. Untung panjenengan wau namung tumbas teh, sanes tigan napa uwos." Siti medhun saka undhak-undhakan warunge Bu Rumi karo alon-alon. Wetenge dielus-elus. "Mugi-mugi boten napa-napa nggih, Bu, bayinipun. Sampun pinten wulan, ta?" pitakone Rumi marang tanggane kuwi. "Wolu, Bu," Siti nyauri. "Bu," Rumi njawil Siti. "Mbok njenengan nika nyuwun tulung bapakipun. Rak nggih wonten ndalem, ta?" Siti mung mesem. "Wah, boten wantun, Bu." "Lha napa? Wong njenengan nika nggih garwanipun. Gek njenengan nembe ngandhut ngaten. Gek putra nomer sekawan sisan," u...