Jumat, 03 Juli 2015

NGALEM

"Hla kok ndengaren gawe es campur komplit, Bu?!" Edi katon sumringah weruh es campur pating jejer ana pawon.

Harti mung mesem wae. Tangane isih olah-olah glepung.

"Gawe gorengan barang, Bu? Wah, komplit tenan."

Harti mung mesem meneh thok.

Maghrib kurang limalas menit engkas. Harti wis dandan resik nyangking tas kresek gedhe-gedhe loro.

"Arep nang ndi, Bu?" pitakone Edi
"Mesjid. Pasok takjilan," saure Harti.
"Lho, jatahe awak dhewe dina iki?"
"Ho oh. Sik ya, Pak, aku dakmangkat."
"Iya."

Bar adzan maghrib Edi nggoleki es campur sing digawe bojone mau.
"Bu, es campure nang ngendi?"
"Ya wis dakgawa mesjid to, Pak."
"Kabeh???"
Harti manthuk rada wedi.

"Oalah, Bu...ndengaren gawe omben-omben pepak kok ya mung dinggo wong liya. Aku ora mbok bagei," Edi nggresula.
"Lha Bapak ki ikhlas apa ora ta asok takjilane?" saure Harti.
"Ya ikhlas, Bu. Ning rak ya gela wis kebacut weruh wedang seger kaya mau ning ora kebagiyan."

"Lha dakkira Bapak ki ora seneng je. Wong angger aku gawe apa wae ya ora tau dialem. Aku ya gumun, kok ndengaren iki ngalem."

Edi ora bisa kocap apa-apa maneh. Pancen dheweke arang ngalem bojone. Ya, kepiye maneh?

Minggu, 17 Mei 2015

NGUTANG

"Ngutanga Ibu, Dhik."
Wiwin mendelik.
"Dinggo apa ngutang, Mas? Dhuwite wis cukup kok."
"Supaya awak dhewe bisa ngabekti."

#

Wiwin mejet hapene.
Thuuut...
Thuuut...

"Assalaamu alaikum."
"Wa alaikumussalaam. Bu?"
"Iya. Piye kabare, Ndhuk?"
"Alhamdulillaah sae, Bu."
Wiwin nerusake matur karo ibune arep nyilih dhuwit sepuluh yuta dinggo nyukupi olehe tuku lemah.

#

"Wis. Wiwit sasi ngarep awak dhewe nyaur utang marang Ibu," ujare Aryo.
Wiwin mesem.
"Njenengan kok ya pinter to, Mas."
Aryo melu mesem.
"Bar iki Ibu wis ra kagungan alesan kanggo nolak kiriman saka awak dhewe. Yen wis lunas utange, terusna olehmu transfer ya, Dhik."
"Sip, Mas."

Jumat, 20 Februari 2015

NDARA

"Bu! Boten napa-napa?" Siti gedheg. Awake lemes lan raine pucet.
"Boten napa-napa, Bu. Matur nuwun."
"Mangga, Bu, njenengan jumeneng alon-alon mawon," Rumi ngrangkul banjur narik awake Siti.

Bareng wis isa ngadeg maneh, Siti lagi isa mesem.
"Matur nuwun, nggih, Bu." Rumi mung manthuk-manthuk.
"Sampun, enggal kondur, lajeng leren, Bu. Untung panjenengan wau namung tumbas teh, sanes tigan napa uwos."

Siti medhun saka undhak-undhakan warunge Bu Rumi karo alon-alon. Wetenge dielus-elus.
"Mugi-mugi boten napa-napa nggih, Bu, bayinipun. Sampun pinten wulan, ta?" pitakone Rumi marang tanggane kuwi.
"Wolu, Bu," Siti nyauri.

"Bu," Rumi njawil Siti. "Mbok njenengan nika nyuwun tulung bapakipun. Rak nggih wonten ndalem, ta?" Siti mung mesem.
"Wah, boten wantun, Bu."
"Lha napa? Wong njenengan nika nggih garwanipun. Gek njenengan nembe ngandhut ngaten. Gek putra nomer sekawan sisan," ujare Rumi karo nuding wetenge Siti.
"Alah, sampun biyasa, Bu. Boten napa-napa. Itung-itung ngibadah."

Rumi ora bisa ujar apa-apa maneh. Siti, tanggane kuwi pancen wong wadon sing ora tau mikir sing ora-ora. Rumi mung isa ngelus dhadha gumun campur mangkel. Kok ya ana wong kaya Siti lan bojone. Sing wedok nrima, sing lanang ora rumangsa. Nang omah mung dadi ndara. Sing wedok nyambut gawe nganti kuwalahan ditambah isih ngopeni bocah telu cilik-cilik ya ora ngowahi kahanan.

Rumi kelingan omongane rong taun kepungkur.
"Bojo kula riyin nggih kados ndara. Boten ngertos damelan wonten griya. Sareng anakipun tiga, lajeng pangerten. Purun ngrewangi kula resik-resik napa momong lare."
"Napa kula nambah anak malih mawon, nggih, Bu?" pitakone Siti rada ora mantep.
"Dicobi mawon, Bu. Sinten ngertos."

Selasa, 22 Juli 2014

ORA KENA DIBEDHEK

Siwi mlayu mlebu omah. Sepatu lan roke klebus kudanan. Untunge sirah lan awake isa ketutupan mantel. Udane pancen deres banget, nanging Siwi tetep nekad nunggang motor amarga rasa kangene wis ora bisa dibendhung maneh.

Tekan teras omah dheweke banjur mbuka mantele, diglethakake ana ing kursi kayu sing ana kono. Alon-alon Siwi nyedhaki lawang. Wit suplir nang pot sing ana kiwa-tengene lawang isih kaya biyen. Ijo lan seger. Biyen dheweke sing kerep nyirami wit suplir kuwi mau. Saiki mbuh sapa sing nyirami. Mungkin mbahe Rere, ibune Aji.

Senin, 30 Desember 2013

WONG EDAN

Aja sok meden-medeni bocah nganggo ukara 'wong edan'. Ora kepiye-kepiye, nanging aku wis nate ngonangi kanca raket sing bubar kekancan amarga bab ukara 'wong edan' kuwi mau.

#

Nalika aku urip nang omah petak ana ing ibu kota, aku duwe tangga sing isih enom, ayu, jenenge Sari.