Langsung ke konten utama

LUNAS DISUWUN GUSTI ALLOH

Wis pirang-pirang dina iki Syamsul ketok bungah. Saben teka kantor isuk-isuk ora kaya biyasane. Dheweke ya dadi seneng ngaruh-aruhi kanca-kancane uga ngobrol bareng. Pokoke ora kaya Syamsul sing biyasane.
Aku gumun. Mula aku takon dheweke ana apa.

"Lagi duwe bisnis musiman, Gun", ujare.
"Bisnis apa ta?", pitakonku. Sapa ngerti apik lan kasil tenanan, batinku.
"Bisnis sepuluh persen, Gun" "Apa kuwi?", pitakonku maneh.
Syamsul ngguyu.
"Sing ora bakal rugi, Gun. Sepuluh persen mesthi bakal dadi duwekku".

"Wah, wah. Apa kuwi?", aku njupuk kursi banjur lungguh nang cedhake Syamsul.
"Pilihan bupati, Gun"
"Maksude?"
"Mosok ora ngerti? Yen pilihan bupati rak akeh sing nyeponsori. Nha, aku sing nglantarake wong-wong mau", saurane Syamsul.

"Nglantarake piye karepmu ta?", aku ethok-ethok ora mudheng.
"Lha ya ngrewangi, ngono lho, Gun"
"Ngrewangi apa?"
Syamsul gedheg-gedheg.
"Ya ngrewangi nggawakake, ngumpulake"
"Ngumpulake apa?", pitakonku maneh sajak bodho.

Aku mung kepingin Syamsul ngomong blaka suta sebab aku wis sujana karo gaweyan anyare kuwi.

"Dhuwit, Gun! Dhuwit!", Syamsul sumaur karo driji jempol lan driji tengahe diobah-obahake mertandhani wong nyekel dhuwit.

Lha, rak tenan. Kuwi perkara judhi jebulane. Atiku ora kleru mbedhek Syamsul katut bisnis haram.

"Halah! Astaghfirulloh...judhi ta sing mbokkarepake, Sul".
Aku sumaur karo rada mbengok supaya dheweke ngerti yen aku ora seneng.
"Sapa sing ngomong ngono, Gun. Iki sponsor, dudu judhi!"
"Ah, ora percaya aku, Sul. Haram kuwi! Dosa!"

Senajan wis daksengaki, Syamsul tetep wae ora gelem ngakoni yen kuwi kalebu judhi. Kabeh wong wis ngerti yen saben ana pilihan, ya bupati, ya lurah, apamaneh pilihan presidhen mesthi ana sing manfaatake kanggo nggelar judhi. Penyakit masyarakat iki pancen wis dadi watake wong-wong sing ora bener. Cilakane, gandheng wong akeh sing nglakoni, tumindak iki banjur dianggep bener. Kaya si Syamsul.

Aku mung isa ngelus dhadha nalika rong minggu sakwise Syamsul karo ngguya-ngguyu marani aku. Pamer yen dheweke sukses entuk sepuluh persene saka dhuwit taruhan pilihan bupati. Ora mung kuwi, sajak ketagihan, Syamsul ngandhani aku yen dheweke ya arep mbaleni gaweyan ala kuwi mau sesuk nang pilihan lurah.

"Jago endi wae sing menang, ora masalah. Wong aku mesthi entuk persenan", Syamsul umuk karo crita bab motore sing anyar kinyis-kinyis kasile bisnis harame kuwi.

Sidane pilihan lurah wis kelakon. Padha karo sakdurunge, Syamsul umuk maneh marang aku. Saiki dheweke umuk wis isa nukokake adhine wedok sepedha motor matic sing paling anyar. Sajak mongkog banget atine. Aku, padha karo sakdurunge, mung isa ngelus dhadha. Muga-muga Syamsul dijewer Gusti Alloh, batinku. Wong wis ngerti yen kleru kok tetep dilakoni.

Durung rampung olehe Syamsul bungah, kacek telung dina saka dina kuwi dumadakan ana kabar elek. Bapake Syamsul mlebu rumah sakit merga gerah jantung. Ya lagi saiki aku krungu yen bapake Syamsul kagungan gerah jantung. Jare wong-wong ya olehe gerah ndadak.

Aku melu tilik bapake Syamsul nang rumah sakit. Nalika weruh aku, Syamsul katon clingus, ora wani ngematake mripatku. Aku mung mbatin sajake dheweke krasa yen iki merga bisnis harame kuwi mau. Sepuluh persen sing ditampa sakdurunge saiki dipundhut Gusti Alloh.

Bali saka rumah sakit bareng kanca-kanca kantor, aku mbatin, apa iki jeweran saka Gusti Alloh kanggo Syamsul? Banjur aku kaget dhewe nalika kelingan yen Syamsul ora mung pisan nampa dhuwit sing ora bener. Sing pisan saka pilihan bupati, sing kepindho saka pilihan lurah. Aja-aja...??

Durung rampung olehku dheg-dhegan, dumadakan ana telpon saka Syamsul.

"Halo. Piye, Sul?", pitakonku.
Keprungu swarane Syamsul nangis ngguguk.
Gek-gek bapake seda, batinku.
"Gun....tulung. Maraa nang Mbathil", panjalukane Syamsul.
"Mbathil?", pitakonku.
Lha kuwi jeneng rumah sakit. Nanging bapake Syamsul ora dirumat nang kono.

"Iya, Gun. Adhiku tiba ketabrak mobil nalika numpak sepedha motore sing anyar", saure Syamsul.
Aku ngiyani. Banjur aku lan kanca-kanca ora sida bali kantor nanging langsung tumuju Mbathil nulungi adhine Syamsul.

Atiku krasa ora karu-karuwan. Syamsul, olehmu entuk sepuluh persen ping pindho wis lunas disuwun Gusti Alloh.

Komentar

  1. Bagus ceritanya mbak. Ini tuh kisah nyata ya? hehe, kalau dijadiin film pendek bagus nih :) Rezeki itu yang penting berkahnya ya mbak, bukan banyaknya. Lha banyak kalo ndak berkah buat apa.. Numpuk dosa malahan..

    BalasHapus
  2. aslinya kisah nyata yg saya 'hebohkan' sedikit mbak hehe...matur nuwun nggih sampun kersa tindak mriki.

    BalasHapus

Posting Komentar

Mangga menawi badhe paring komentar. Matur nuwun.

Postingan populer dari blog ini

WONG EDAN

Aja sok meden-medeni bocah nganggo ukara ' wong edan '. Ora kepiye-kepiye, nanging aku wis nate ngonangi kanca raket sing bubar kekancan amarga bab ukara ' wong edan ' kuwi mau. # Nalika aku urip nang omah petak ana ing ibu kota, aku duwe tangga sing isih enom, ayu, jenenge Sari.

BERKAH AMBRUKING MUSHOLA

“Yu, iki mengko aku titip maneh ya” ngendikane Bu Umi. “O nggih Bu, mangke kula beta” saure Yu Jum sing lagi ngasahi piring. Wis kaping telu iki Bu Umi titip sodaqoh dinggo dandani mushola cedhak omahe Yu Jum, rewange. Jumlahe ora akeh, mung sepuluhewu rupiyah. Sakdurunge, Yu Jum sing wis rongtaun nyambut gawe nang omahe Bu Umi kuwi crita yen mushola cedhak omahe ambruk. Gandheng umure mushola kuwi ya wis tuwa tur kurang kerumat, gendhenge padha bocor, temboke akeh sing wis pecah-pecah.

NGALEM

"Hla kok ndengaren gawe es campur komplit, Bu?!" Edi katon sumringah weruh es campur pating jejer ana pawon. Harti mung mesem wae. Tangane isih olah-olah glepung. "Gawe gorengan barang, Bu? Wah, komplit tenan." Harti mung mesem meneh thok. Maghrib kurang limalas menit engkas. Harti wis dandan resik nyangking tas kresek gedhe-gedhe loro. "Arep nang ndi, Bu?" pitakone Edi. "Mesjid. Pasok takjilan," saure Harti. "Lho, jatahe awak dhewe dina iki?" "Ho oh. Sik ya, Pak, aku dakmangkat." "Iya." Bar adzan maghrib Edi nggoleki es campur sing digawe bojone mau. "Bu, es campure nang ngendi?" "Ya wis dakgawa mesjid to, Pak." "Kabeh???" Harti manthuk rada wedi. "Oalah, Bu...ndengaren gawe omben-omben pepak kok ya mung dinggo wong liya. Aku ora mbok bagei," Edi nggresula. "Lha Bapak ki ikhlas apa ora ta asok takjilane?" saure Harti. "Ya ikhlas, Bu. Ning rak ya gela