Langsung ke konten utama

ORA KENA DIBEDHEK

Siwi mlayu mlebu omah. Sepatu lan roke klebus kudanan. Untunge sirah lan awake isa ketutupan mantel. Udane pancen deres banget, nanging Siwi tetep nekad nunggang motor amarga rasa kangene wis ora bisa dibendhung maneh.

Tekan teras omah dheweke banjur mbuka mantele, diglethakake ana ing kursi kayu sing ana kono. Alon-alon Siwi nyedhaki lawang. Wit suplir nang pot sing ana kiwa-tengene lawang isih kaya biyen. Ijo lan seger. Biyen dheweke sing kerep nyirami wit suplir kuwi mau. Saiki mbuh sapa sing nyirami. Mungkin mbahe Rere, ibune Aji.

Dhog, dhog, dhog.
Sing didhodhog lawang kayu, nanging jantunge Siwi sing kaya-kaya muni luwih banter. Ping pisan durung ana jawaban. Siwi ndhodhog maneh. Banjur ana sing mangsuli. "Nggih, sekedhap". Ora let suwe lawang kebukak. Sing mbukak ibu-ibu sepuh sing wis dikenal apik karo Siwi. "Bu". Ibu sepuh kuwi mesem. "Mlebua, Ndhuk".

Udan isih deres. Siwi katisen. Wis seprapat jam ngenteni ana ruwang tamu iki kancane mung wedang teh sakcangkir sing wis meh entek diombe. Atine dheg-dhegan ngenteni. Wis patang bada iki dheweke kepingin banget bisa mara mrene tanpa duwe beban apa-apa. Dina iki, seminggu sakbare bada, kepinginane kuwi dikabulake Gusti Allah.

Bocah wedok umur pitung tahun njedhul saka ruwangan jejere. Rambute dawa diklabang loro. Mripate gedhe bunder, awake dhuwur cilik persis kaya sing sok didelok liwat BBM.

Siwi ngadeg saka lungguhane. "Rere...". Mripate krasa panas. Bocah wedok kuwi nyedhak karo mesem. "Bunda...". Sidane wong loro kuwi pada rangkulan. Siwi bungah banget atine. Sidane cita-citane kelakon.

Ibu sepuh mau, bekas maratuwane, nyedhak. Ana luh nang socane. "Wis, gawanen anakmu, Ndhuk. Ibu wis ikhlas." "Nggih, Bu. Matur nuwun." Siwi lan bekas maratuwane kuwi nangis bareng.

#

Wengi wis liwat, udan isih deres. Siwi menyat saka tempat tidhure. Kaya biyasane dheweke sholat tahajud. Olehe sholat karo nangis. "Matur nuwun ya Allah. Panjenengan ngabulaken donga kula. Subhanallah...subhanallah."

Meh saben wengi, sakploke pisah karo bojone, Siwi tansah nenuwun supaya bisa ngopeni anake. Telung bada kepengker Siwi pancen resmi cerai saka bojone, ninggal Rere sing isih umur patang tahun sebab hak asuh anak tibane nang pihak lanang. Salahe dheweke sing durung bisa ngampet emosi. Ya karang umure lagi selikur tahun, mula isih labil.

Saminggu sadurune bada, mbahe Rere ngabari yen Aji tilar donya amarga kecelakaan nalika numpak sepeda motor. Rere sing wis ra duwe bapa, sidane dipasrahake marang Siwi, ibune. Dongane kabul, nanging nganggo cara sing ora kena dibedhek.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

WONG EDAN

Aja sok meden-medeni bocah nganggo ukara ' wong edan '. Ora kepiye-kepiye, nanging aku wis nate ngonangi kanca raket sing bubar kekancan amarga bab ukara ' wong edan ' kuwi mau. # Nalika aku urip nang omah petak ana ing ibu kota, aku duwe tangga sing isih enom, ayu, jenenge Sari.

BERKAH AMBRUKING MUSHOLA

“Yu, iki mengko aku titip maneh ya” ngendikane Bu Umi. “O nggih Bu, mangke kula beta” saure Yu Jum sing lagi ngasahi piring. Wis kaping telu iki Bu Umi titip sodaqoh dinggo dandani mushola cedhak omahe Yu Jum, rewange. Jumlahe ora akeh, mung sepuluhewu rupiyah. Sakdurunge, Yu Jum sing wis rongtaun nyambut gawe nang omahe Bu Umi kuwi crita yen mushola cedhak omahe ambruk. Gandheng umure mushola kuwi ya wis tuwa tur kurang kerumat, gendhenge padha bocor, temboke akeh sing wis pecah-pecah.

NGALEM

"Hla kok ndengaren gawe es campur komplit, Bu?!" Edi katon sumringah weruh es campur pating jejer ana pawon. Harti mung mesem wae. Tangane isih olah-olah glepung. "Gawe gorengan barang, Bu? Wah, komplit tenan." Harti mung mesem meneh thok. Maghrib kurang limalas menit engkas. Harti wis dandan resik nyangking tas kresek gedhe-gedhe loro. "Arep nang ndi, Bu?" pitakone Edi. "Mesjid. Pasok takjilan," saure Harti. "Lho, jatahe awak dhewe dina iki?" "Ho oh. Sik ya, Pak, aku dakmangkat." "Iya." Bar adzan maghrib Edi nggoleki es campur sing digawe bojone mau. "Bu, es campure nang ngendi?" "Ya wis dakgawa mesjid to, Pak." "Kabeh???" Harti manthuk rada wedi. "Oalah, Bu...ndengaren gawe omben-omben pepak kok ya mung dinggo wong liya. Aku ora mbok bagei," Edi nggresula. "Lha Bapak ki ikhlas apa ora ta asok takjilane?" saure Harti. "Ya ikhlas, Bu. Ning rak ya gela