Langsung ke konten utama

BAPAK DHAWAH

Bapak dhawah maneh!
Unine SMS saka Ibu.
Aku mung isa meneng wae karo mbayangake kaya ngapa kahanane Bapak saiki.

Tuuuut...
Sidane aku nelpon Ibu.
"Halo" keprungu swarane Ibu.
"Assalamu'alaikum"
"Wa alaikumussalam"
"Kados pundi, Bu? Bapak dhawah saking napa?", pitakonku.

Ibu unjal ambegan.
"Ya ora saka ngendi-endi. Bapak ki tindak rada adoh sithik wae dhawah lho!"
"Lha badhe tindak pundi ta, Bu?"
"Biyasa, Ndhuk, arep nang mesjid. Arep sholat luhur iki mau. Wis dakpenging kok ya tetep wae meksa tindak. Lagi pirang meter ngerti-ngerti mak gedebug dhawah. Bejane ora ana tatu sing parah. Ya mung lecet-lecet wae."

"Lajeng boten estu tindak mesjid?" pitakonku.
"Ya ra sida, Ndhuk."
Aku mesem wae krungu Ibu ngendika akeh nang telpon bab Bapak sing pancen wis sepuh.
Wis meh rong puluh taun iki, sawise pensiun saka dadi guru, Bapak sregep tindak mesjid kanggo nglakoni sholat limang wektu. Meh durung tau absen olehe Bapak sholat nang mesjid. Sok-sok yen tukang adane durung teka ya Bapak sing adan. Nanging gandheng saya sepuh mula Bapak wis ora tau adan maneh.

"Swaraku wis ora kepenak dirungokake, Lis."ngendikane Bapak nalika kuwi.
"Wong sing adan kuwi kejaba kudu isa adan ya kudu isa dirungokake. Yen swarane ora apik ya sing krungu mung dadi mangkel thok. Sidane niyate ngundang wong-wong supaya padha sholat nang mesjid malah dadi jalaran wong padha wegah nyedhak mesjid", ngendikane Bapak ngudhar alesan bab ora tau adan maneh.

Jam lima sore, wis wayahe bali saka kantor. Aku enggal-enggal mulih kepingin weruh kahanane Bapak. Setengah jam maneh wis mlebu wektu maghrib. Mesthine Bapak saiki wis siyap-siyap tindak mesjid kaya biyasane. Aku wis duwe niyat arep ngeterake Bapak nang mesjid nganggo sepedha motor.

Nanging durung tekan omah ngerti-ngerti HPku muni. Kepeksa aku ngendhegake sepedha motorku banjur nyauri panggilan mau. Jebul Ibu nelpon.

"Bapak dhawah maneh, Ndhuuuk...ndang baliya.."
"Nggih, Bu..." saurku.
Banjur HPku daksimpen maneh ana ing tas. Sepedha motorku dakstarter. Atiku dheg-dhegan. Kok swarane Ibu kaya kuwatir tenanan.

"Ah, muga-muga ora ana apa-apa", batinku.
Mbuh kenapa tangan iki krasa obah dhewe. Olehku numpak sepedha motor dadi miring-miring meh tiba. Ndilalah saka mburi ana mobil mlaku. Meh wae aku nabrak mobil kuwi yen supire ora enggal-enggal ngenggokake setire.

"Astaghfirullaah", batinku isih karo dheg-dhegan.
"Ana apa iki ya?", batinku maneh.

Setange sepedha motor dakenggokake ngiwa. Sadurunge lampu riting ngiwa dakurupake. Mlebu gang katon wong pirang-pirang padha nang njaba omahe dhewe-dhewe.

Atiku maktratap saka kadohan weruh nang ngarep omahku ya akeh wong. Pancen omahku ana pojokan dalan sing sok dinggo wong padha lungguh-lungguh. Nanging saiki ora ketok lagi padha lungguh-lungguh karo leyeh-leyeh utawa ngobrol-ngobrol. Katone wong-wong kuwi lagi padha tegang. Atiku saya ora karuwan.

"Aja-aja...Bapak?!" batinku.
Saya cedhak sepedha motorku, wong akeh kuwi mau padha ndelokake aku. Ora krasa, mripatku panas, luh netes sithik. Atiku krasa remuk. Tenanan apa,  Bapak...seda?

Enggal-enggal sepedha motorku dakpateni,dakstandar. Yu Ratmi, tanggaku, nyedhaki aku.

"Mbak Lis. Boten napa-napa ta?", pitakone Yu Ratmi.
"Mboten, Yu. Matur nuwun. Bapak wonten pundi?", saurku karo takon.

Daktatagake atiku.
Yu Ratmi katon gumun karo pitakonanku.
"Wonten nglebet, mbok bilih", saure Yu Ratmi rada bingung.
"Wonten napa ta, Mbak??"

Genten aku sing bingung.
"Lha..Bapak??", pitakonku.
"Sehat"
"Lho...lha wau Bapak dhawah...?", pitakonku maneh.

Yu Ratmi saya ketok bingung.
"Nggih, wau Bapak dhawah nalika badhe tindak dhateng mesjid luhur wau."
"Sapunika?" pitakonku ngoyak.
"Nggih sampun sehat", Yu Ratmi sumaur.

Aku isih durung mudheng.
"Lha panjenengan kok sami medal, ngempal wonten mriki, wonten napa?", pitakonku.
Durung nganti Yu Ratmi nyauri, dumadakan Ibu metu saka njero omah karo mapah Bapak alon-alon.

"Bapaaak...! Bapaaak!... Bapaaak!"
Aku nangis nggugu weruh Bapak sehat. Bapak dakrangkul ora dakucul-uculake.
Yu Ratmi nyedhak.
"Bapake panjenengan badhe mlajar ning mboten saged, nalika lindhu wau"

Lindhu??
Dadi iki kabeh mau merga...lindhu?
Oalaaah...

Komentar

Postingan populer dari blog ini

WONG EDAN

Aja sok meden-medeni bocah nganggo ukara ' wong edan '. Ora kepiye-kepiye, nanging aku wis nate ngonangi kanca raket sing bubar kekancan amarga bab ukara ' wong edan ' kuwi mau. # Nalika aku urip nang omah petak ana ing ibu kota, aku duwe tangga sing isih enom, ayu, jenenge Sari.

BERKAH AMBRUKING MUSHOLA

“Yu, iki mengko aku titip maneh ya” ngendikane Bu Umi. “O nggih Bu, mangke kula beta” saure Yu Jum sing lagi ngasahi piring. Wis kaping telu iki Bu Umi titip sodaqoh dinggo dandani mushola cedhak omahe Yu Jum, rewange. Jumlahe ora akeh, mung sepuluhewu rupiyah. Sakdurunge, Yu Jum sing wis rongtaun nyambut gawe nang omahe Bu Umi kuwi crita yen mushola cedhak omahe ambruk. Gandheng umure mushola kuwi ya wis tuwa tur kurang kerumat, gendhenge padha bocor, temboke akeh sing wis pecah-pecah.

NGALEM

"Hla kok ndengaren gawe es campur komplit, Bu?!" Edi katon sumringah weruh es campur pating jejer ana pawon. Harti mung mesem wae. Tangane isih olah-olah glepung. "Gawe gorengan barang, Bu? Wah, komplit tenan." Harti mung mesem meneh thok. Maghrib kurang limalas menit engkas. Harti wis dandan resik nyangking tas kresek gedhe-gedhe loro. "Arep nang ndi, Bu?" pitakone Edi. "Mesjid. Pasok takjilan," saure Harti. "Lho, jatahe awak dhewe dina iki?" "Ho oh. Sik ya, Pak, aku dakmangkat." "Iya." Bar adzan maghrib Edi nggoleki es campur sing digawe bojone mau. "Bu, es campure nang ngendi?" "Ya wis dakgawa mesjid to, Pak." "Kabeh???" Harti manthuk rada wedi. "Oalah, Bu...ndengaren gawe omben-omben pepak kok ya mung dinggo wong liya. Aku ora mbok bagei," Edi nggresula. "Lha Bapak ki ikhlas apa ora ta asok takjilane?" saure Harti. "Ya ikhlas, Bu. Ning rak ya gela