Langsung ke konten utama

BERKAH AMBRUKING MUSHOLA

“Yu, iki mengko aku titip maneh ya” ngendikane Bu Umi.
“O nggih Bu, mangke kula beta” saure Yu Jum sing lagi ngasahi piring.

Wis kaping telu iki Bu Umi titip sodaqoh dinggo dandani mushola cedhak omahe Yu Jum, rewange. Jumlahe ora akeh, mung sepuluhewu rupiyah.
Sakdurunge, Yu Jum sing wis rongtaun nyambut gawe nang omahe Bu Umi kuwi crita yen mushola cedhak omahe ambruk. Gandheng umure mushola kuwi ya wis tuwa tur kurang kerumat, gendhenge padha bocor, temboke akeh sing wis pecah-pecah. Pokoke wis medeni kahanane. Durung kober didandani, ing sakwijining dina mushola kuwi ambrol tenan. Untunge ambrole ora pas wektu sholat, dadi ora ana wong sing ketiban. Sidane mushola kuwi diambrukake sisan lan wiwit arep dibangun maneh.

“Aja mbokwenehake panitiyane lho Yu” welinge Bu Umi.
“Isin aku, wong mung sithik” sambunge maneh.
“Lha kok lingsem to Bu, wong nggih niyatipun ngibadah” saure Yu Jum.
“Ora merga ngono Yu, ning mengko ndhak panitiyane ndadak nggawe layang matur nuwun dinggo aku, njur dicathet nang buku, njur mengko ndadak diumumake barang”
“Walah, nggih mboten to Bu. Mangke kula matur panitiyane” saure Yu Jum maneh.
“Alah, ora susah Yu. Wis, cemplungna wae nang kothak infake ya” ngendikane Bu Umi.

Jan-jane Yu Jum rada getun wis crita bab mushola ambruk kuwi mau. Ora merga apa-apa nanging dadi jalaran dheweke ndadak melu sholat nang mushola barang.

Nalika Bu Umi titip sodaqoh sing sepisanan, ora dadi masalah, sebab nalika semono nang omahe Yu Jum ana si Adit, putune sing lagi prei sekolah lan dolan seminggu ana ing omahe Yu Jum. Dadi Adit dikongkon Yu Jum supaya sholat nang mushola, sisan karo nyemplungake sodaqohe Bu Umi. Sing kaping pindho ya ngono, ndilalah Adit ya durung bali menyang omahe nang Jakarta, dadi Yu Jum isa ngongkon putune kuwi maneh.
Nanging, wiwit sing kaping telu Adit wis ora ana kono. Yu Jum kongkonan anake wedok si Utami, nanging bocahe ya ora gelem menyang.
“Emoh aku Mak, wong ya aku ora tau sholat nang mushola kok mbok kongkon. Mengko piye omongane wong-wong no” ujare Utami karo ngeyel.
Dhasare pancen Utami dhewe ya sholate arang kadhing, padha karo mamake, dadi ya ora gumun yen dikongkon sholat nang musola dheweke krasa isin.

Sidane Yu Jum mangkat dhewe sholat nang mushola. Rampung adan maghrib keprungu, Yu Jum cepet-cepet nggoleki rukuh lan sajadahe. Gandheng mung dinggo kaping pindho saben taune, yaiku nalika sholat idul fitri lan idul adha, rukuh lan sajadahe isih ketok ndhithing kaya barang anyar. Banjur gage-gage rukuhe dinggo tanpa wudu dhisik.
Rampung sholat, Yu Jum ethok-ethok melu ndonga kaya jamaah liyane. Niyate ben ora ketok cetha olehe nggoleki kothak infak, gandheng dheweke durung ngerti panggonane. Bubar olehe padha ndonga Yu Jum rogoh-rogoh nggoleki dhuwit sodaqohe Bu Umi.
“Whe, lha kok ora ana” batine Yu Jum.
Jebul, saking kesusune mau, Yu Jum nganti lali durung nyangking dhuwit kuwi.
Tekan omah, Utami wis ngenteni.
“Piye Mak? Sukses ta?” pitakone Utami.
“Sukses piye! Dhuwite keri!” saure Yu Jum karo mangkel.
Utami ngguyu cekakakan weruh mamake kaya ngono.
“Ya wis, mengko dibaleni maneh Mak. Melu sholat isya!” Utami sumaur isih karo ngguyu.

Bareng wis rada ngerti kahanan, sakdurunge adan isya Yu Jum wis siyap-siyap nganggo rukuh karo nyekeli dhuwit sodaqohe Bu Umi.
Bubar sholat isya, Yu Jum wis dienteni Utami maneh nang ngarep omah.
“Berhasil Mak?” ujare Utami karo mesam-mesem.
“Durung!” saure Yu Jum karo mlebu omah.
Utami ngetutake mamake.
“Lho, kok isa?”
“Lha piye. Bar sholat diparani Bu Sri banjur diajak salaman karo omong-omong sedhilit.” Saure Yu Jum.
“Lha ya bar omong-omongan apa ora isa ta Mak? ” pitakone Utami.
“Olehku omong-omongan kuwi karo diajak Bu Sri mlaku mulih!” Yu Jum ketok saya mangkel.
Krungu kuwi Utami ngguyu ora rampung-rampung.

Sesuk sorene, sakdurunge adan maghrib, Yu Jum wis siyap-siyap menyang mushola. Saiki dheweke njaluk dikancani Utami. Pokoke Utami dipeksa supaya gelem melu. Sidane Yu Jum karo Utami melu sholat maghrib ana ing mushola. Ora kaya wingi, maghrib iki jamaahe luwih akeh, sebab ketambahan bocah cilik-cilik ana sepuluh wong. Ndelok kahanan kuwi atine Yu Jum wis ora tenang, dheweke rumangsa arep gagal maneh dina iki.
Jebul tenan. Bubar sholat lan ndonga, bocah-bocah cilik mau ora padha mulih nanging padha ngaji rame-rame dipimpin karo Pak Sur sing dadi ketua takmire mushola.
“Wooo, malem Jumat Mak” Utami mbisiki mamake.
“Gagal maneh, Ndhuk” Yu Jum melu bisik-bisik.
“Ya wis Mak, mengko pas sholat isya dakkancani wis”
Sidane biyung karo anak sekloron kuwi mau padha nglakoni sholat isya ana ing mushola. Bubar sholat Utami plirak-plirik nggoleki kothak infak.
“Kae Mak, nang ngarep”
Kothak infake gemlethak ana ing cedhak mihrab, yaiku panggonane imam mimpin sholat.
“Yen ngono awak dhewe ngenteni bapak-bapake rampung olehe padha ndonga ya Ndhuk” ujare Yu Jum.
“Iya Mak” saure Utami.
“Wis!” Yu Jum katon lega bareng isa nyemplungake amanahe Bu Umi.

Olehe Bu Umi titip sodaqoh ndilalah ora mandheg tekan semono. Dadi yen Yu Jum ngetok ana ing mushola mertandhani ana titipan. Utami bola-bali nggeguyu mamake. Saben mamake arep menyang mushola mesthi dipoyoki.
“Sregep nih yeee...”
Yu Jum mung isa muring-muring karo Utami. Sakjeroning atine isih ana rasa kepeksa melu sholat ana ing mushola. Yen dheweke isa duwe alesan, kepingin rasane nginggati.
Nanging, saka saking kerepe Bu Umi titip sodaqoh, Yu Jum saya suwi saya biyasa menyang mushola. Malah sok-sok dheweke menyang mushola tanpa ana titipan saka Bu Umi.

Wanci maghrib wis meh teka. Yu Jum nyepakake rukuh lan sajadahe banjur mlebu kamar njupuk dhuwit. Utami sing lagi nonton tivi nyawang mamake ngesaki dhuwit banjur takon,
“Sodaqoh maneh, Mak?”
“Ho oh ” saure Yu Jum.
“Pirangewu Mak? Sepuluh?” takone Utami
“Ora, mung rongewu kok” Yu Jum nyauri karo nganggo rukuh.
“Lha, kok sithik temen Mak? Ora biyasane Bu Umi...”
Durung rampung Utami ngomong wis disauri Yu Jum,
“Sapa kandha iki dhuwite Bu Umi? Iki dhuwitku dhewe”
Utami mung isa mlongo.
“Wis ya Ndhuk, Mamak arep sholat dhisik nang mushola”


Komentar

Postingan populer dari blog ini

WONG EDAN

Aja sok meden-medeni bocah nganggo ukara ' wong edan '. Ora kepiye-kepiye, nanging aku wis nate ngonangi kanca raket sing bubar kekancan amarga bab ukara ' wong edan ' kuwi mau. # Nalika aku urip nang omah petak ana ing ibu kota, aku duwe tangga sing isih enom, ayu, jenenge Sari.

NGALEM

"Hla kok ndengaren gawe es campur komplit, Bu?!" Edi katon sumringah weruh es campur pating jejer ana pawon. Harti mung mesem wae. Tangane isih olah-olah glepung. "Gawe gorengan barang, Bu? Wah, komplit tenan." Harti mung mesem meneh thok. Maghrib kurang limalas menit engkas. Harti wis dandan resik nyangking tas kresek gedhe-gedhe loro. "Arep nang ndi, Bu?" pitakone Edi. "Mesjid. Pasok takjilan," saure Harti. "Lho, jatahe awak dhewe dina iki?" "Ho oh. Sik ya, Pak, aku dakmangkat." "Iya." Bar adzan maghrib Edi nggoleki es campur sing digawe bojone mau. "Bu, es campure nang ngendi?" "Ya wis dakgawa mesjid to, Pak." "Kabeh???" Harti manthuk rada wedi. "Oalah, Bu...ndengaren gawe omben-omben pepak kok ya mung dinggo wong liya. Aku ora mbok bagei," Edi nggresula. "Lha Bapak ki ikhlas apa ora ta asok takjilane?" saure Harti. "Ya ikhlas, Bu. Ning rak ya gela