Langsung ke konten utama

SODAQOHE RINI

Apa maneh saiki? Sapu dawa?
“Riiin, Riiiin...!” ujarku karo rada mangkel weruh dheweke nggawa barang sing ora biyasa.
“Aku isih duwe sapu dawa Rin. Mbok nggo apa kuwi digawa mrene barang?” pitakonku karo mbukakake lawang. Rini, adhiku ragil, mung mesem karo mlebu omah.
“Ya ora apa-apa to mbak, mosok adhine ngoleh-olehi mbakyune ora kena” saurane Rini.
“Ora merga ngono Rin, ning kowe iki lho, senengane kok tuka-tuku barang sing ora penting kaya ngene” saurku.
“Ora penting piye to mbak? Lho, lho, iki isa dinggo ngresiki sawang iki lho” Rini sumaur karo mraktekake ngresiki omahe angga-angga sing ana ing tembok lan eternit nganggo sapu dawa sing digawa mau.
“Ning aku rak wis duwe tur isih duwe Rin!” ujarku rada nggetak.
Rini ngedhunake sapu dawane karo mesem “Ning barang iki penting lho mbak”
“Penting piye?” pitakonku.
“Isa dinggo nyambung urip” saure Rini.
Kuwi maneh jawabane saben daktakoni dinggo apa dheweke tuku barang-barang ora penting kaya iki. Winginane dheweke ngeteri aku brambang sak kilo, kamangka aku lagi entes tuku brambang ya sak kilo. Sakdurunge dheweke ngeteri aku kaligrafi cilik-cilik tulisan arab Asmane Gusti Allah sing aku ya wis duwe tur ora butuh banget.
Ora mung kuwi, aku wis tau ngonangi Rini nyimpen payunge sing wis rusak, sandhal lan sepatu sing wis ucul lem-lemane. Jebul dheweke nyimpen barang-barang rusak kuwi dinggo alesan supaya bisa njaluk tulung tukang ndandani payung lan tukang sol sepatu sing sok liwat nang ngarep omah.
“Uripe sapa Rin, bakul sapu? Bakul sapune wis tuwa?” pitakonku setengah ngece sebab aku wis mbedhek yen kuwi bakal dadi jawabane Rini.
“Iya mbak, bakule melas banget. Wis tuwa, mlakune adoh. Aku ora tegel mbak, sidane daktuku siji” Rini sumaur.
“Ngerti saka ngendi yen mlakune adoh Rin?” pitakonku maneh.
“Ya ujare simbahe mau mbak. Ujare mlakune saka omahe, adoh tenan”
“Apa kowe ngerti tenan yen simbahe mau kae omahe adoh kana?”
“Ya aku percaya wae to mbak. Mosok ya arep dakeyeli, wong ketok kesel tenan kae lho”
“Lha nek simbahe mau mung ngapusi ben mboktuku, piye?” pitakonku.
“Alah ya wis mbak, niyatku sodaqoh kok mbak. Perkara simbahe mau ngapusi, umpamane, ya ben dadi urusane simbahe mau karo Gusti Allah. Tur ya iki barang regane ora larang kok, mung wolungewu” Rini sumaur.
“Olehku isa sodaqoh ya mung semene mbak, tur ya mung isa nganggo cara kaya ngene iki mbak” sambunge Rini. “Yen ora arep dinggo ya ora apa-apa mbak, rak ya mengko isa mbok sodaqohake kanggo sapa sing butuh”
Krungu saurane adhiku sing lagi umur selikur taun iki atiku trenyuh. Bar lulus saka SMK, Rini mbukak usaha salon dhewe. Aku sing dadi anak mbarep rumangsa duwe tanggung jawab ngopeni Rini sebab bapak lan ibu wis tilar donya. Aku lan adhi-adhiku lanang wedok padha urun ragad dinggo ngrintis usahane Rini kuwi. Sak ngertiku sing langganan ana ing salone Rini ya ora akeh banget. Sok-sok sedina entuk wong loro utawa telu, sok-sok ya ora ana babar pisan. Nanging sebab Rini bocahe tekun, dheweke isa urip mandiri. Sithik-sithik isa nyelengi kanggo nambah peralatan salone karo nyangoni ponakan-ponakane.
Aku ngerti yen bathine duwe salon kuwi ora sepiraa, nanging Rini saben sasi meksa ngetokake zakat maal sing loro setengah persen saka bandha sing isa dikumpulake. Jan, aku trenyuh tenan, merga ora kabeh wong isa kaya kuwi. Aku wae sing dadi pegawe lan entuk bayar tetep saben sasine, olehku ngetokake zakat maal setaun pisan, merga ngenteni tekan nishob apa durung. Nishob kuwi jumlahe bandha sing ngendhep nganti setaun.
Nanging Rini ora ngenteni ngetung bandhane tekan nishob apa durung. Prinsipe dheweke yaiku yen ora disisihake, mengko malah ora kelakon.
“Yen aku ngenteni setaun, aku kuwatir mengko malah ora isa mbayar zakat mbak, sebab entek sakdurunge ngumpul” saure Rini nalika daktakoni kena apa dheweke mbayar zakat saben sasi.
“Lha yen pancen dhuwitmu kuwi durung isa ngumpul nganti setaun, ya kuwi mertandhani yen kowe durung wajib mbayar zakat Rin. Rak ya ngono ta?” saurku maneh.
“Wah, lha nek ngono kuwi, kapan aku isa ngibadah mbak? Apa ya wong sing duwe penghasilan cilik ora isa padha ngibadah? “ ujare Rini.
Aku ora bisa sumaur maneh nalika dheweke ngomong kaya ngono. Tur, aku ya durung nemokake ayat saka Al-Quran utawa hadis saka Rasulullah s.a.w. sing ora ngolehake wong mbayar zakat nganggo bandha sing durung tekan nishob.
Aku mesem nyawang adhiku ragil siji iki. “ya wis kene Rin, daktampa sapune. Muga-muga amalmu iki ditampa dening Gusti Allah”
“Aaamiiin” Rini nyauri kanthi bungah.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

WONG EDAN

Aja sok meden-medeni bocah nganggo ukara ' wong edan '. Ora kepiye-kepiye, nanging aku wis nate ngonangi kanca raket sing bubar kekancan amarga bab ukara ' wong edan ' kuwi mau. # Nalika aku urip nang omah petak ana ing ibu kota, aku duwe tangga sing isih enom, ayu, jenenge Sari.

BERKAH AMBRUKING MUSHOLA

“Yu, iki mengko aku titip maneh ya” ngendikane Bu Umi. “O nggih Bu, mangke kula beta” saure Yu Jum sing lagi ngasahi piring. Wis kaping telu iki Bu Umi titip sodaqoh dinggo dandani mushola cedhak omahe Yu Jum, rewange. Jumlahe ora akeh, mung sepuluhewu rupiyah. Sakdurunge, Yu Jum sing wis rongtaun nyambut gawe nang omahe Bu Umi kuwi crita yen mushola cedhak omahe ambruk. Gandheng umure mushola kuwi ya wis tuwa tur kurang kerumat, gendhenge padha bocor, temboke akeh sing wis pecah-pecah.

NGALEM

"Hla kok ndengaren gawe es campur komplit, Bu?!" Edi katon sumringah weruh es campur pating jejer ana pawon. Harti mung mesem wae. Tangane isih olah-olah glepung. "Gawe gorengan barang, Bu? Wah, komplit tenan." Harti mung mesem meneh thok. Maghrib kurang limalas menit engkas. Harti wis dandan resik nyangking tas kresek gedhe-gedhe loro. "Arep nang ndi, Bu?" pitakone Edi. "Mesjid. Pasok takjilan," saure Harti. "Lho, jatahe awak dhewe dina iki?" "Ho oh. Sik ya, Pak, aku dakmangkat." "Iya." Bar adzan maghrib Edi nggoleki es campur sing digawe bojone mau. "Bu, es campure nang ngendi?" "Ya wis dakgawa mesjid to, Pak." "Kabeh???" Harti manthuk rada wedi. "Oalah, Bu...ndengaren gawe omben-omben pepak kok ya mung dinggo wong liya. Aku ora mbok bagei," Edi nggresula. "Lha Bapak ki ikhlas apa ora ta asok takjilane?" saure Harti. "Ya ikhlas, Bu. Ning rak ya gela