Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari 2015

NGALEM

"Hla kok ndengaren gawe es campur komplit, Bu?!" Edi katon sumringah weruh es campur pating jejer ana pawon. Harti mung mesem wae. Tangane isih olah-olah glepung. "Gawe gorengan barang, Bu? Wah, komplit tenan." Harti mung mesem meneh thok. Maghrib kurang limalas menit engkas. Harti wis dandan resik nyangking tas kresek gedhe-gedhe loro. "Arep nang ndi, Bu?" pitakone Edi. "Mesjid. Pasok takjilan," saure Harti. "Lho, jatahe awak dhewe dina iki?" "Ho oh. Sik ya, Pak, aku dakmangkat." "Iya." Bar adzan maghrib Edi nggoleki es campur sing digawe bojone mau. "Bu, es campure nang ngendi?" "Ya wis dakgawa mesjid to, Pak." "Kabeh???" Harti manthuk rada wedi. "Oalah, Bu...ndengaren gawe omben-omben pepak kok ya mung dinggo wong liya. Aku ora mbok bagei," Edi nggresula. "Lha Bapak ki ikhlas apa ora ta asok takjilane?" saure Harti. "Ya ikhlas, Bu. Ning rak ya gela

NGUTANG

"Ngutanga Ibu, Dhik." Wiwin mendelik. "Dinggo apa ngutang, Mas? Dhuwite wis cukup kok." "Supaya awak dhewe bisa ngabekti." # Wiwin mejet hapene. Thuuut... Thuuut... "Assalaamu alaikum." "Wa alaikumussalaam. Bu?" "Iya. Piye kabare, Ndhuk?" "Alhamdulillaah sae, Bu." Wiwin nerusake matur karo ibune arep nyilih dhuwit sepuluh yuta dinggo nyukupi olehe tuku lemah. # "Wis. Wiwit sasi ngarep awak dhewe nyaur utang marang Ibu," ujare Aryo. Wiwin mesem. "Njenengan kok ya pinter to, Mas." Aryo melu mesem. "Bar iki Ibu wis ra kagungan alesan kanggo nolak kiriman saka awak dhewe. Yen wis lunas utange, terusna olehmu transfer ya, Dhik." "Sip, Mas."

NDARA

"Bu! Boten napa-napa?" Siti gedheg. Awake lemes lan raine pucet. "Boten napa-napa, Bu. Matur nuwun." "Mangga, Bu, njenengan jumeneng alon-alon mawon," Rumi ngrangkul banjur narik awake Siti. Bareng wis isa ngadeg maneh, Siti lagi isa mesem. "Matur nuwun, nggih, Bu." Rumi mung manthuk-manthuk. "Sampun, enggal kondur, lajeng leren, Bu. Untung panjenengan wau namung tumbas teh, sanes tigan napa uwos." Siti medhun saka undhak-undhakan warunge Bu Rumi karo alon-alon. Wetenge dielus-elus. "Mugi-mugi boten napa-napa nggih, Bu, bayinipun. Sampun pinten wulan, ta?" pitakone Rumi marang tanggane kuwi. "Wolu, Bu," Siti nyauri. "Bu," Rumi njawil Siti. "Mbok njenengan nika nyuwun tulung bapakipun. Rak nggih wonten ndalem, ta?" Siti mung mesem. "Wah, boten wantun, Bu." "Lha napa? Wong njenengan nika nggih garwanipun. Gek njenengan nembe ngandhut ngaten. Gek putra nomer sekawan sisan," u